Ketapang Rock City - Wis ono rong ndino iki cah-cah enom gawe odo-odo mlaku-mlaku isuk. Biasane tekan Nderesan terus dho mbalek meneh. Mlaku-mlaku iki wis dilakoni ket dino Rebo karo Kemis [18-19 Februari 2015]. Wektune biasane bar dho sholat Shubuh, kiro-kiro jam 05.00 WIB. Onone sing melu mlaku-mlaku mau enek Yayak, Uly, karo Arip, trus dino iki mau tambah Sanjaya karo adine (lali jenenge).
| Iki potone Yayak. /Dok. AB |
Jarene Yayak, mlaku-mlaku kui penting, pas ditakoki alesane jawabe "Timbang bingong meh ngopo? Mending mlaku-mlaku!" Ndak dipiker-piker eneh, pancen akeh benere opo sing diomongke bocah sing rambute dicet abang kui mau. Olah raga mlaku-mlaku kui bentuk olah raga sing simple/ gampil, lan apik nggo ngisi wektu luang. Liane Yayak, Uly yo mbenerake opo sing diomongke Yayak mau, "Tak rasakke dewe, ket mlaku-mlaku mau, sikil karo awak saiki dadi kepenak ora pati lemesan meneh".
![]() |
| Bis esuk sing ngangkut penumpang sekolah, ketok bocah dho gandulan tekan mburi bis. /dok. AB |
Kejobo penak nang sikil lan awak, mlaku-mlaku isuk yo penak ning moto. Ndak bar mbalik arah mulih biasane kene isoh ndelok mbah-mbah sing brangkat ning pasar ugo cah-cah sing meh brangkat sekolah. Sensasi liane sing ditemoni, sing ora isoh dietukke liane ndak isuk kui, kene isoh etuk gratis semribite angin lan howo sing iseh seger. Opo meneh ndak ndak pas nemoni cuaca apik, biasane kene isoh ndelok matahari terbit (sun rise) sing nentremake ati.
Ati-ati Ndak Isuk Mlaku-mlaku
Sing Kudu di Waspodoni ndak pas mlaku-mlaku isuk kui kondisi dalan sing rame kendaraan bermotor koyo bis, truk, sepeda motor, onthel, lan (kadangkala) odong-odong. Soale biasane sing nganggo kendaraan mau pas isuk dho kesusu, ngoyak wektu. Padahal ngerti dewe, aspal dalan gede arah Tapang tekan Nderesan kui kondisine wis 'ngeri', tur akeh sing wis rusak bolong-bolong. Ngadepi kendaraan sing ugal-ugalan mau, kene kudu ngalah ben ora keno pacak./AB/.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar